Rabu, 26 September 2007

Sesorah

Bab Wigati Nalika Sesorah

Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanti becik, mula sing sesorah kudu nggatekke bab:
1.Baca / Micara

Basa sing dugunakake kudu laras / cocog karo sing diadephi. Boso Ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang sing sesorah basa kromo digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.
Wong sing sesorah iku kudu ngerti kahanan, yen ing ndeso / kampung bisa nggunakake basa kromo kabeh, nanging ing kutha campur basa Indonesia laras karo sing mirengake.
Manut kanyatan ana ing adicara temanten syukuran, supitan, tanggap warsa (ulang tahun), basa sing digunakake yaiku basa kromo sing becik kecampuran basa rinengga. Supaya becik menawa dirungokake lan tanda kurmat marang tamu sing pada rawuh. Prayogane basa sing digunakake iku prasaja, ukarane ora ngambra-ambra lan wusana penak dirungokake denig wong liya.
2.Busana

Ajining raga saka busana, menawa sesorah prayogane migunakake busana sing becik lan sopan. Bab iku kejaba ngurmati sing pada mirengake sesorah uga bisa nganggo njagani lan ngajeni awake dewe. Busana uga kalarasake karo kahanan lan tujuan.
3.Swara / Wirama

Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utowo alaon banget. Anggone ngucapake tetembungan sing cetho, ora groyok, ora kecepeten saenggo apa kang diwadharake gampang dingerteni karepe, iramane ora lugu koyo wong moco buku.
4.Solah Bawa, Patrap (sikap) / Wiraga

Solah bowone wong sesorah iku kudu manteb lan teteg, madhep marang pamirsa, lan tangan ngapurancang.

Selasa, 25 September 2007

Tuladha serat Panglamar

Serat sinartan pamuji raharja saha salam taklim kula pun …….. kekalih, katur panjenenganipun Raka Mas …….. sekaliyan, ingkang pidalem wonten ing kampong/dusun ……..

Sesampunipun kados punika, nuwun wiyosipun, saderengipun kula ngaturaken punapa ingkang dados raosing manah kula, langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami.

Nuwun awit saking ketaman ing pamothanipun anak kula jaler namanipun ………, anggenipun kayunguyun dhateng putra putri panjenengan nama pun Rara …….., ingkang salajengipun dados enering ciptanipun, pramila kula kamipurun ambabaraken karentenging manah kula kekalih dhateng panjenengan sekaliyan.

Ingkang punika, akbekta awrating tiyang anak-anak manawi wonten sarjuning panggalih saha sinembadan dening pangayubagyanipun para waris, punapa dene tinaksir dening Gusti Allah SWT dados jodhonipun, sarta manawi putra panjenengan taksih lamban lan dereng ghadhah pasangan, kula suwun dadosa jatu kramanipun anak kula pun …….. ing salamanipun.

Wasana panyuwun kula kekalih ing panjenengan sekaliyan, mugi wontena keparingipun ananggapi sarta animbangi anggen kula sumedya bebesanan.

………….tanggal………..

salam taklim kula kakalih

…………………

Senin, 17 September 2007